Jumat, 19 April 2013

                                              URUS-URUS


      Sore kuwe kaki Beja karo nini Tini agi pada jagongan nang emper umah.Ya pancen omahe ra pati maen,sederhana jere wong kandah,ningen wong loro kuwe pada rukun,ora tau padu,ora tau bengkerengan,apa maning kosi balang-balangan srandal,jan paling anti pokoke.Nyambi medang clubuk karo lumbu di dhang duh....rasane nylekithu pisan.
     
     
     "Ki......"Nini Tini ndisiti omong,"Mmmmm"semaure kaki Beja."Inyong sirahe mumet banget.rika ujarku ganu nyinggahna obat nang ndi ?"kandane nini Tini karo nyekeli sirah."Kae nang sak kathok ireng sing mau tak nggo aring karangan,la ko gole mumet ket kapan ni?"jawabe kaki Beja karo ngemplok lumbu."Genah ket awan mau koh....."semaure ninine karo mlebu senthong.

     "Sing ndi Ki......???"nini Tini mbengok."Lah wong siji ko crewet temen yah.....pokoke kuwe nang kathok ireng sing ana pelete putih,sing tak enggo mau awan....." kaki beja mbengok karo esih mangan lumbune."La wong nduwe kathok ireng ya ming kuwe koh ora mudeng.

     "Hihihi....ketemu ki......."ninitini metu karo cengar-cengir terus grokk njagong."mulane aja bisane manga-manga thok."Kaki Beja njiot ududan,terus klepas-klepus udud mbako karang gayam ora klalen klembake,byuh......ubrung pisan.

     Maghrib wis  rampung,orong-orong ya wis pada mingkem,tapi nini Tini ora isa ngaso,'thlithikan' bae."Nang apa jane ya ni?ket mau ora jenak temen di delengna,mlebu metu bae?"takone kakine mbasa kesel ndelengna sing wadon ora isa anteng."Jane rika mau ngesaki obat apa sih ki?deneng wong mu et mbasa ngombe obat malah kaya iye? semaure ninine."La kowe njiot nang ndi?"kakine takon."Nang sak kathok,ana 2 tulih laya tak jiot langsung tak untal"."Sing gedhe apa sing cilik ni?"tkone kakine karo mandan krasa ora kepenak.Mbuh lah inyong janji njiot bae wong jere nang sak"..

     "Astghfirulloh......."kakine jimprak kaget."Ana apa ki?"ninine mlaku karo nahan awake merga lemes."Kowe salah njiot...."kakine nyekeli tangane sing wadon."Salah kepriwe ki?"ninine bingung."kae obat tulih 2 siji paramex sing siji obat urus-urus kencingku....."."Lah dadi inyomg ngombe obat urus-urus ki?.....inyong kudu kepriwe kiye lah.....wis lemes pisan koh...."ninine kayongen bingung."Wis ora papa ngko tulih mari dewek"kakine mbombongna sing wadon."ya.....tiwas lemes.....kon ping pira maning inyong le kepoyuh ?   kiye be wis ora kodag mlaku ki  ?"Kaki Beja malah ngguyu kepingkel-pingkel ndlengna raine sing wadon."Tela...rika malah ngguyu...tegel koh...."ninine arep nangis."wis tenang bae nek ora kodag mengko tak boponge aring mburi..melas temn bojo siji je salah ngombe obat"omonge kakine karo nggandeng tangane sing wadon.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar